Kamis, 17 November 2011

Khutbah Jumat ”Tema” : Ukhuwah Dalam Islam


Khutbah Jumat ”Tema” : Ukhuwah Dalam Islam
M Tasir Hidayat Harahap

Innal hamdalillah nahmaduhu wanastanginuhu wanastaghfirugh wanangudzubillaahi minsyuruuri amfusina wasyayyiati a’malina mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah
Asyhaduallailahaillalloh wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warosuluh.
Allohumma sholi’ala Muhammad wa’ala alihi wasohbihi ajma’in Yaa ayyuhalladzi naa-amanuttaqulloha waqulu qoulansadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyutingillaha warosuulahu faqod faza fauzan‘adziima Yaa ayyuhalladzi- naamanuttaqullooha waltandzur nafsummaqoddamat lighot wattaqulloo innallooha -khobirummbimaa -ta’malun Yaa ayyunnas- innakholaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm sungubawwaqobaila lita’arofu inna akromakum ngindalloohi-atqokum-Yaa-ayyuhalladzi aamanuttaqulloha haqo tuqootih walatamuutunna illa waantummuslimun.

Para sedherek sidang jum’at ingkang dipun mulia-aken dening Alloh SWT, manggo kangge pambukaning atur kulo ngajak dateng panjenengan sedoyo, manggo tansah ningkataken iman lan taqwo kito dhumateng ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun maringi kanugrahan ingkang kathah dhumateng kito sedoyo,  ingkang menawi kito badhe ngetung kanugrahan saking Gusti Alloh wau mongko mboten badhe seged dipun etung keranten saking kathaipun nimat ingkat kito trami. Sholawat soho salam mugi konjuk dhumateng Nabiyulloh Muhammad SAW ingkang sampun nuntun umat saking alam pepethengan utawi jahiliyah dateng margi ingkang leres inggih marginipun Gusti Alloh kanthi agami Islam ingkang badhe mbeto keslametan dunyo lan akhirat.
Ing satunggaling ayat al-Qur’an para khotib sering maosaken ayat mekaten :

“Yaa ayyunnas innakholaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm sungubawwaqobaila lita’arofu inna akromakum ngindalloohi atqokum”

Ingkang artosipun kirang langkung :

Wahai poro manungsa satemene kulo Gusti Alloh sampun nyipta-aken manungsa saking lanang lan wadon lan ndadosaken pirang-pirang bangsa lan suku supados sami kenal-mengenal saling (silaturrahim) satemene wong sing paling mulia tumrape Gusti Alloh inggih meniko tiyang ingkang taqwa.

Ten ayat wau dipun sebataken bilih ontenipun suku lan bangsa dipun keken supados mboten sami musuh-musuhan nanging supados sami ta’aruf lan rukun. Nopo malih namung benten grumbul, nopo malih kita sejaosipun niku sedherek ingkang sampun dipun iket kaliyan setunggal aqidah inggih meniko aqidah Islam. Alloh SWT wonten Qur’an surat Al-Hujarat : 10 ngendhika :
“Innamal mu’mnuna ikhwatun faaslikhubaina akhowaikum, wattaqullooha langallakum turkhamun”.
Maknanipun : Satemene tiyang ingkang iman niku sedherek mulo akurana anatarane sedherekmu lan taqwao marang Gusti Alloh supados angsal rahmat
Meniko wau satungaling ayat ingkang ngengetakan dhumateng kita bilih kita tiyang Islam niku sedherek, mulo kedhah njagi pasedherakan wau, ingkang istilahipun yaiku Ukhuwah Islamiyyah tegese pasedherekan ingkang dipun iket kanthi aqidah tauhid lan syahadat “Asyhadualla ilaha illalloh waasyhaduannamuhammadarrosululloh”. Dados ampun ngantos amargi masalah ingkang alit lan sepele kita malah saling terpecah-pecah lan mboten purun silaturrahim. Wonten ing Qur’an Surat Ali ‘Imron ayat : 103 Gusti Alloh ngelingaken datheng kita sedoyo:

“ wa’tasimu bikhablillah jami’awwalatafarroqu, wadzkuruuni’matalloohi ‘alaikum idzkuntum a’daa anfaallafabainaquluubikum fa asbkhtummbini’matihi ikhwanaa”

Ingkang basa jawi campur Indonesianipun mekaten : “ lan berpegangteguhlah kamu sekalian marang agamanipun Gusti Alloh lan janganlah kamu bercerai berai! Lan elingo marang nikmate Alloh naliko siro kabeh ing jaman jahiliyah musuh-musuhan lalu Alloh menjinakkan hati kalian, lan ndadosaken siro kabeh karono nikmatipun Alloh tiyang-tiyang ingkang bersaudara”

Saking ayat meniko kito dados mangertos bilih sederengipun Islam wonten ing negeri Arab masyarakatipun sami podo cungkrah lan sering sanget sami perang, sesampune Islam, tiyang-tiyang wau dados rukun lan mboten cungkrah malih. Kito ugi saged neladani kepripun pasedherekan ingkang dipun ajaraken Nabi Muhammad lan para sahabat. Para sahabat sesampunipun maos sahadat lajeng ndadosaken Alloh lan Rosulipun langkung dipun remeni ketimbang sanesipun lan ndadosaken tiyang Islam dados sedulur ingkang kedah dipun jagi kehormatanipun sanajan benten asalipun wonten ingkang saking Mekah, Madinah, Mesir, Afrika, Italia, lan sanes-sanesipun. Saking tarikh utawi sejarah Islam kita ugi saged ngertos kepripun persedherekan ingkang sampun dipun contoaken dening para sahabat muhajirin lan anshor. Para sahabat muhajirin karono Alloh dan Rosulnya rela ninggalaken tanah tumpah darahipun, harta dunya ugi keluarga kangge hijrah saking Mekah dateng Madinah. Teng Madinah dipun sedherekaken dening Rosululloh kanthi raos persederekan ingkang sae sanget. Sahabat Anshor ngendika : Kulo gadheh pekarangan, monggo sepalihipun kangge penjenengan, kulo gadheh dunya, monggo sepalihipun kulo pasrahaken dhateng sedherek kulo saking muhajirin, kulo gadeh griyo kalih monggo setunggal panjenengan panggeni, kulo gadheh estri tigo, pilih setunggal mengkin estri kulo niku wau badhe kulo ceraiken lan monggo dipun dadosaken estri penjenengan. Subhanalloh!

Poro sedherek kaum muslimin jama’ah jum’at ingkang kulo tresnani karono Alloh,

Dados monggo kito blajar saking nopo ingkang sampun dipun contoaken dening sahabat ingkang ndadosaken pasederekan Islam utawi ukhuwah Islamiyyah niku satunggaling perkawis ingkang penting lan kedhah dipun degdegake. Kita kedhah prihatin menawi umat Islam sami pecah amargi benten organisasi, benten partai lan sanes-sanesipun. Organisasi utawi partai niku satunggaling alat utawi sarana kangge dakwah dados ampun nganthos justru ngalahaken ingkang wajib inggih meniko njagi persatuanipun umat islam ampun ngantos cungkrah lan bubrah. Ingkang dipun untungaken menawi kita teksih seneng terpecah lan sami gontok-gontokan mboten sanes kejawi musuh-musuh Islam. Musuh-musuh Islam seneng ningali kahanan mekaten amargi kanthi umat islam ingkang terpecah belah ndadosaken gampil anggenipun rubuhaken agami Islam.

Kenging nopo umat Islam teksih gampil dipun pecah ukhuwahipun? Perkawis-perkawis ingkang ndadosaken ukhuwah Islamiyyah lemah antawisipun:

- Setunggal : iman utawi aqidahipun lemah, amargi ukhuwah dipun bangun kanthi landasan iman, menawi aqidahipun lemah ukhuwahipun nggih dados lemah.

- Kaping kalih : ikatan islamipun lemah, menawi ikatan Islami-mipun ageng Insya Alloh badhe ngalahaken ikatan-ikatan sanes kadosto suku, bangsa, golongan. Nanging badhe abot mujudaken ukhuwah Islam menawi fanatisme golongan teksih ageng lan nganggep golonganipun piyambak ingkang sae lan golongan sanesipun lepat utawi sesat.

- Kaping tigo : Kirang ta’aruf utawi silaturrahim, ingkang saged nuwuhaken ukhuwah antawisipun muslim kedhah purun Ta’aruf (saling kenal), ingkang selajengipun Insya Alloh badhe saling memahami (tafahum) kangge selajengipun saged saling menolong (ta’awun) lan saling menanggung (takaful).

Sidang jum’at ingkang minulyo
Rosululloh nggambaraken pasedherekan antawisipun kaum muslim kados dene satunggal awak ingkang sami-sami ngraosaken satunggal lan satunggalanipun. Mulo kedahipun kita ugi saged ngraosaken nopo ingkang seniki dipun raosaken dening sedherek kita wonten ing Maluku, wonten ing Poso, wonten ing Filipina, Pattani Thailand, Kashmir India, Palestina, Irak, lan derita muslim teng dunia pundi kemawon.
Ugi dipun gambaraken kadosdene satunggal bangunan ingkang saling nglengkapi lan nguatake antara setunggal lan setunggale. Mesthi benten wadahipun nanging sedoyo ‘nggadhahi kelebihan lan kekiatan ingkang saged nglengkapi bangunan Islam. Mongga sesarengan kita mujudaken kesatuan barisan umat supados saged mujudaken kejayaan Islam ingkang dipun cita-citaaken dening kito sedaya.
Mekaten khubah ingkang saget kawulo aturaken mugi ndadosaken tambahe iman lan taqwao kito dumateng Allah SWt, lan namba cinta dumateng sederek islam sedoyo.

Barokallohu liiwalakum fil quranilkarim wanafa’ani waiyyakum bima fiihi minal ayati wadzkrilhakim wataqobbalalloohu minna wamingkum tilaawatahu innahuhuwassami’ul
‘alim. Waqurrobbighfir warham waanta khoiruuroohimin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar